Maria dan Wahyu Blog

Kamis, 11 Desember 2014

WIS WAYAHE

Sanadyan srengngenge wus wancine jumedhul
Kluruk pitik jago kang dadi pratandha
Langit katon biru semu kuning
Wayahe padha tandhang tumandhang
Golek pangan ing kampung nelayan
Ngrampungake gawean

Nanging jaka klanthung
Ijeh klentrak klentruk ngluthek njero kamar sumpek apek
Ora gelem tumadhang kaya gombal nglempuruk
Timbang nyalahake kahanan nalika ora ana panganan

Luwih becik tumandhang golek pangan 

0 komentar:

Posting Komentar