Ing kerajaan Mataram ana salah sijine warga sing
jenenge Cakra Yuda. Cakra Yuda kuwi warga biasa sing manggon ing Mataram. Cakra
Yuda kepingin dadi uwong sing genah lan bisa di banggaake dening wong tuone.
Cakra Yuda mutsake lunga saka omah kanggo merguru. Cakra Yuda merguru kanthi
niate apik yaiku nuntut ilmu kanggo sangu uripe,nanging olehe merguru akeh
kancane sing padha ora seneng lan sirik karo Cakra Yuda. Kancane sing padha
serik mau ora njur ditanggepi tenanan karo Cakra Yuda,amarga Cakra Yuda ora
kepingin duwe musuh opo maneh kanca seperguruane. Cakra Yuda kerep diganggu lan
dicilakani,nanging Cakra Yuda ora nanggepi ulahe kancane kuwi mau. Cakra Yuda
olehe ning merguru ya gawe nuntut ilmu ora gawe cilaka marang liyan. Cakra Yuda
teteg anggoe ngadhepi uwong sing ora seneng marang dheweke. Cakra Yuda uga
duweni watak sing sabar. Akeh kancane sing padha ngrusuhi nanging ora digomeni
Cakra Yuda.
Cakra
Yuda kuwi salah sijine murid sing paling disayang karo gurune. Murid sing
pinter,patuh marang gurune,lan jujur. Kuwi sing gawe gurune seneng banget lan
bangga marang Cakra Yuda. Cakra Yuda ora mung apik marang gurune,nanging uga
pinter lan tenanan anggone sinau. Kancane padha iri amarga Cakra Yuda sing
ditampa katon becik. Ora kaya kanca-kancane sing bisane nganggu wong liya lan
gawe sengsara kancane sing ora disenengi. Cakra Yuda banjur di percaya karo
gurune mau lan diwenehi aji-aji. Aji-aji kuwi uga ora sembarangan uwong sing
bisa oleh aji-aji kuwi. Kabeh kuwi saka usaha lan ketekunan uga ati sing becik
sing ana ing awake Cakra Yuda. Cakra Yuda bisa mbuktiake ketekunane merguru lan
gurune wis nganggepCakra Yuda kaya anake dhewe. Kanca-kancane saya ora seneng
amarga kancane sing wis suwe merguru wae ora ditampa kaya Cakra Yuda. Kabeh kancane
padha sirik lan kepingin Cakra Yuda metu saka perguruane kuwi.
Ora
suwe,kabare Cakra Yuda oleh aji-aji saka gurune wis sumebar tekan ngendi-ngendi
jagat. Kabar kuwi krungu tekan raja Mataram. Raja Mataram banjur kepengen Cakra
Yuda dadi panglima perang ing kerajaane. Raja Mataram percaya Cakra Yuda bisa
njaga lan ngamanake daerah Ungaran saka penjajah. Banjur Raja Mataram ngutus
prajurite kanggo nemoni Cakra Yuda. Para prajurit ngleksanakake perintahe raja
kanggo mara ing nggone Cakra Yuda supaya gelem melu ing kerajaan Mataram.
Prajurit langsung lunga mangkat ing panggonane Cakra Yuda merguru. Satekane
para prajurit mau gawe kaget gurune lan murid-murid sing ana ing kana. Banjur
salah sijine prajurit matur njaluk izin marang gurune lan ngandhakake apa
tujuane teka ing kene. Gurune seneng amarga muride bisa dibanggaake lan gawe
jenenge perguruan kuwi apik. Gurune mangestoni Cakra Yuda lunga ing kerajaan.
Cakran Yuda banjur gelem olehe melu ing kerajaan Mataram. Cakra Yuda kuwi wis
terkenal kesaktiane ning daerah Mataram,Cakra Yuda uga duwe kesaktian sing
dikira ora bisa dikalahake karo penjajah. Tekan kerajaan Cakra Yuda disambut
apik karo Raja Mataram. Cakra Yuda dijajal kesaktiane nglawan prajurit-prajurit
sing ana ing kerajaan. Kabeh prajurit bisa dikalahake siji-siji. Raja Mataram
seneng banget weruh kelincahane Cakra Yuda nggawe Raja saya percaya lan
kepingin Cakra Yuda dadi panglima perang ing kerajaan Mataram. Raja Mataram
yakin ora salah pilih panglima perang kanggo ngamanake daerah Ungaran.
Nanging
mboko Raja yakin Cakra Yuda kuwi pantes mimpin prajurit perang,isih ana para
sesepuh ing kerajaan sing ora setuju karo keputusan Raja. Sesepuh durung yakin
karo Cakra Yuda amarga durung ngerti asline lan kemampuane Cakra Yuda kuwi kaya
apa. Raja dikira sembarangan olehe percaya karo wong anyar. Anane Cakra Yuda
ditentang karo wong akeh. Raja Mataram banjur ngyakinake para sesepuh sing
padha ora setuju anane Cakra Yuda. Raja Mataram ngyakinake uga ora gampang,kudu
nggawa bukti-bukti sing kuat. Raja ngutus Cakra Yuda kanggo mbuktiake
kepinterane marang sesepuh sing ana ing kerajaan. Cakra Yuda nuruti perintahe
Raja. Cakra Yuda nglawan salah sijine tumenggung ing kerajaan Mataram.
Temenggung kuwi suwe-suwe bisa dikalahake karo Cakra Yuda. Saka kono mau,para
sesepuh raja wis percaya marang Cakra Yudha nalika Cakra Yuda bisa ngalahake
salah sijine tumenggung kerajaan.
Cakra
Yuda rasane seneng banget krungu kabar arep diangkat dadi panglima perang ing
kerajaan Mataram. Sakwise diangkat dadi panglima perang,Cakra Yuda langsung
diutus Raja kanggo ndelok kahanane ing daerah Ungaran. Cakra Yuda langsung
mangkat dhewe. Cakra Yuda kuwi wong sing patuh marang Rajane. Dadine sepisan
dikongkon langsung mangkat dhewe tanpa pamrih. Ning dalan akeh alangan sing
nimpali Cakra Yuda,nanging saka sitik saka sitik alangane bisa sikalahahe
dening Cakra Yuda. Ana garong loro sing nyegat Cakra Yuda,banjur garong kuwi
mau bisa dikalahe karo Cakra Yuda. Garong mau wedi lan njaluk ngapura marang
Cakra Yuda. Bubar kuwi wong loro mau didadekake prajurite Cakra Yuda lan patuh
karo perintahe.
Cakra
Yuda mlaku ngelilingi daerah Ungaran. Nalika ws kesel leren ana ing Bandarjo
karo prajurit-prajurite mau. Bandarjo kuwi panggonane uwong-uwong sing padha
leren lan uga ana sing maen judi. Akeh saudagar sing padha mampir ing
warung-warung kopi sing ana ing pinggiran-pinggiran kuwi. Cakra Yuda bisa apik
karo kabeh sing ana ing daerah kuwi mau. Wong sing ning kana wis akeh sing
padha mangerti kesaktiane Cakra Yuda.Cakra Yuda saka sithik ngajak warga-warga
ungaran kanggo dadi prajurite. Sing melu dai prajurite uga akeh,amarga akeh
sing seneng karo apike Cakra Yuda. Nanging ora kabeh uwong gelem melu,ana uga
wong sing wegah lan ngira Cakra Yuda duweni niat apik marang kabeh warga. Cakra
Yuda kepengen kabeh wargane bisa perang supaya bisa ngadhepi alangan upama ana
alangan sing nimpali. Nanging akeh warga sing ngira Cakra Yuda kuwi duwe niat
elek marang warga. Warga nganggep Cakra Yuda trima kepingin manfaatke para
warga-wargane. Anggepan kuwi mau ora gawe cilike ati Cakra Yuda. Cakra Yuda
banjur alon-alon ngajak para warga. Penduduk ning kana dikandhani prajurit iki
kanggo ngamanake daerah Ungaran supaya ora dikuwasani penjajah. Warga banjur
gelem melu Cakra Yuda lan akeh banget sing gelem kanggo didadekake prajurit
perang Mataram saka penduduk ungaran kuwi lan padha diajari perang. Saben dina
Cakra Yuda ngajari prajurit-prajurite latihan perang kanthi tlaten.
Sakliyane
kuwi Cakra Yuda dikenal duweni kesaktian sing ora diduweni wong-wong kaya
biasane. Cakra Yuda ora bisa mempan karo gaman utawa senjata sing atos kaya
celurit,lan liya-liyane. Saka kuwi Cakra Yuda dihormati karo kabeh prajurite.
Cakra Yuda ora mung ngajari prajurite,nanging uga ngajari para wargane supaya
bisa perang nglawan penjajah. Cakra Yuda ngajarake olehe nuntut ilmu mbiyen
kanggo ditularake marang warga-wargane lan warga padha seneng karo Cakra Yuda.
Cakra Yuda uga wis nyiapake prajurit akeh kanggo perang. Cakra Yuda wis siap
lan jaga-jaga upamane penjajah nyerang sawayah-wayah.
Ing sawijining dina ana penjajah
teko nyerang Mataram. Cakra Yuda ora wedi lan katon tenang ngadhepi penjajah
nggawa pasukan akeh. Penjajah ora duweni prajurit sing akeh,banjur penjajah
nyingkir lunga amarga ora duweni prajurit sing cukup kanggo nglawan perang.
Cakra Yuda ngadhep Raja lan nggawa kabar yaiku penjajah mundur saka perang.
Raja bungah nalika krungu kabar kuwi. Raja seneng duweni panglima perang kaya
Cakra Yuda sing bisa diandhalake lan dijagakake. Cakra Yuda dadi dikenal ning
ngendi-ngendi. Akeh sing ngakoni kesaktiane lan akeh sing bangga.
Para warga lan tumenggung kerajaan
bangga marang Cakra Yuda. Akeh wong sing padha muji-muji Cakra Yuda. Cakra Yuda
uga saya dikenal marang wong akeh. Nanging kuwi mau ora gawe Cakra Yuda gedhe
atine. Cakra Yuda tetep ora sombong marang wong liya. Cakra Yuda pancen pinter.
Cakra Yuda banjur nglatih para prajurite meneh kanggo latihan perang. Latihan
perang kuwi mau mlaku kanthi lancer lan disiplin kaya biasane. Nanging,pas
latihan perang ing dina liyane ana sing gawe latihan kuwi ora genah. Ana sing
ngrusuhi anggone Cakra Yuda nglatih perang. Cakra Yuda banjur lapor marang Raja
anane uwong sing wis ganggu anggone latihan. Raja ngutus Cakra Yuda kanggo
nggoleki wong kuwi yen kecekel dipateni wong kuwi mau. Raja ora kepingin ana
sing ganggu-ganggu lan ngrusuhi latihane Cakra Yuda. Ora suwe Cakra Yuda
nemuake wong sing ngrusuhi mau lan uwonge mau dipateni karo Cakra Yuda. Wong
kuwi salah sijine sesepuh sing ana ing kerajaan sing ora seneng marang Cakra
Yuda. Wong kuwi mau tumenggung sing tau dikalahake karo Cakra Yuda nalika Cakra
Yuda diutus Raja kanggo mbuktiake marang para sesepuh kerajaan. Cakra Yuda ora
mandhek anggone latihan. Cakra Yuda tetep rajin nglatih para prajurite lan para
warga sing kepingin bisa perang nglawan penjajah. Prajurite uga latihan kanthi
tenanan. Prajurite bisa diandhalake. Cakra Yuda seneng duwene para prajurit
sing bisa patuh lan nurut marang
dheweke.
Penjajah teka nyerang meneh.
Penjajah ora kapok nalika wingi kalah. Penjajah gawa senjata akeh lan komplit
kanggo nyerang Cakra Yuda. Penjajah nyerang Cakra Yuda kuwi amarga Cakra Yuda
sing dadi panglima perang. Pikire penjajah yen Cakra Yuda bisa dikalahake
bakalan luwih gampang anggone nyerang Mataram. Penjajah padha kepingin mateni
Cakra Yuda supaya luwih gampang anggone nguasai Ungaran lan sekitare. Nanging
Cakra Yuda kuwi Tumenggung sing kuat lan sakti. Ora ana sing bisa mgalahake
Cakra Yuda. Nalika Cakra Yuda perang karo penjajah,Cakra Yuda bisa ngalahake
peperangan kuwi. Penjajah sing isih slamet banjur mlayu saka wilayahe Cakra
Yuda.prajurite seneng duweni pemimpin perang sing sakti. Cakra Yuda banjur
ngadhep Raja babagan bisa ngalahake penjajah meneh. Raja seneng miring kabar
apik kuwi mau.
Cakra Yuda ora sombong duweni
kesaktian kuwi mau sing wis dikenal tekan ngendi-endi jagad. Raja Mataram uga
melu seneng karo bektine Cakra Yuda. Cakra Yuda diwenehi pusaka tombak saka
Raja. Cakra Yuda nerima hadiah kuwi kanthi seneng. Cakra Yuda kuwi ora tau
pamrih anggone ngabdi marang Rajane. Kuwi sing nggawe Raja seneng lan bangga
marang Cakra Yuda. Cakra Yuda banjur nyimpen tombak kuwi mau supaya ora ana
sing ngerti. Tombak kuwi mau dirawat tenanan lan dingo nalika Cakra Yuda arep
perang karo penjajah.
Cakra Yuda mimpin para prajurite
kanggo gawe senjata.senjata sing biasane dingo kanggo perang.senjata kuwi
pancen durung modern. Senjata sing digawe prajurit saka pring sing disisiki
cilik-cilik lan dilancipi ning pucuke. Senjata kuwijenenge bambu runcing utawa
tombak. Senjata sing ora modern nanging mempan upama diuncalake ing dhadhane
penjajah langsung nancep kaya panah. Idene Cakra Yuda nggawe senjata kuwi saka
Rajane. Sakwise Cakra Yuda diwenehi tombak,cakra yuda ngutus prajurite supaya
gawe senjata kaya sing diwenehi Raja. Bubar gawe senjata,Cakra Yuda isih mimpin
prajurite kanggo latihan perang. Cakra Yuda wis dipercaya tenanan marang
Raja,dadine CakraYuda ora kepingin gawe kuciwa Rajane. Cakra Yuda nglatih
pendhak dina supaya prajurite temenan kuat lan bisa ngadhepi penjajah kapan
wae.
Cakra Yuda ninggal prajurite sing
padha latihan perang. Cakra Yuda semedi ing panggonan sing sepi ing pucuk
gunung. Nalika kuwi prajurite sing isih latihan diserang dadakan karo penjajah.
Prajurite ana sing kalah ing ngenggon. Sing liyane padha mlayu nylametake awake
dhewe-dhewe. Penjajah ora ngoyak prajurit mau,nanging senjata sing wis digawa
prajurit mau dijupuki kabeh karo penjajah. Pangan sing ana ning kana mau uga
dijupuki karo penjajah. Kabeh sing ana ing kana dijupuki karo penjajah. Salah
sijine prajurit nusul lan lapor marang Cakra Yuda prajurite wis diserang
penjajah lan kabeh sing ketinggalan ning kana dijupuki. Kabeh senjata uga
dijupuk,dadine prajurit wis ora duweni senjata maneh. Cakra Yuda kaget krungu
prajurite diserang penjajah. Cakra Yuda banjur golek cara meneh kanggo
ngamanake Ungaran.
Cakra Yuda nglatih parajurite
maneh. Latihan perang sing saiki latihan sing tenanan supaya prajurit bisa
ngaahake penjajah. Prajurit mau uga latihan kanthi tenanan kanggo nglawan
penjajah. Cakra Yuda lunga meneh kanggo tapa. Cakra Yuda nyuwun pangestu marang
Gusti supaya diparingi lancar anggone nglawan penjajah. Nanging nalika latihan
ana kendhalane,yaiku prajurit padha ora duwe senjata maneh. Prajurit lapor
nemoni Cakra Yuda maneh. Cakra Yuda banjur lapor maneh marang Raja. Raja krungu
kuwi mau banjur ngutus prajurit liyane kanggo ngirim senjata kanggo prajurite
Cakra Yuda. Raja uga ngutus prajurit liyane kanggo melu Cakra Yuda. Cakra Yuda
seneng banget duweni Raja sing pangerten marang para prajurite. Cakra Yuda
mimpin latihan para prajurite mau amarga wis ana kiriman senjata anyar saka
Raja Mataram.
Pasukan penjajah golek strategi
liyane kanggo nguasai Ungaran. Sing dadi sasaran pertama kuwi Cakra Yuda.
Pasukan penjajah duwe rencana mateni Cakra Yuda. Amarga upama Cakra Yuda mati
ora ana maneh sing bisa ngalang-alangi penjajah kanggo nguasai Ungaran lan
sekitare. Penjajah wis golek cara kanggo nyerang Cakra Yuda maneh. Penjajah
yakin bisa ngalahake Cakra Yuda lan prajurite amarga penjajah ngira prajurite
Cakra Yuda wis ora duwe senjata maneh kango nglawan penjajah. Penjajah
ngumpulake para warga ning sekitare kanggo dadi prajurite perang. Warga sing
wegah dadi prajurite meh dipateni karo penjajah mau. Warga-warga kono njur
padha gelem dadi prajurite penjajah supaya ora dipateni. Penjajah nglatih
wprajurit anyare kuwi mau perang. Sapa sing ora disiplin perange,bakal dipateni
langsung. Warga padha wedi lan padha manut marang penjajah. Apa sing dipingin
penjajah mung dituruti.
Cakra Yuda prihatin ngerti tingkahe
penjajah kuwi mau sing wis padha nyiksa warga-wargane. Cakra Yuda kepengen bisa
nylametake wargane saka penjajah. Nanging wargane kuwi mau diawasi kanthi
ketat. Wargane ora bisa apa-apa meneh. Upama mlayu saka penjajah bakalan ora
dipakani lan disikso. Cakra Yuda matur marang Raja lan njaluk keputusan Raja.
Raja ngutus Cakra Yuda kanggo nglawan penjajah. Nanging Cakra Yuda isih bingung
amarga senjata sing diduweni penjajah kuwi mau saya akeh lan modern. Cakra Yuda
banjur ngajak prajurite mau kanggo nglawan penjajah supaya wargane sing liya
bisa dislametake. Nalika Cakra Yuda nemoni penjajah,disambut apik marang
penjajah. Banjur penjajah ngece lan nglecehake Cakra Yuda. Nanging Cakra Yuda
meneng wae ora nglawan apa-apa.
Warga-warga sing diskap karo penjajah njaluk tulung marang Cakra Yuda
supaya dislametake. Ora suwe penjajah serek lan ora sabar kanggo nglawan Cakra
Yuda. Banjur Cakra Yuda lan prajurite diserang karo penjajah. Kabeh prajurite
penjajah nyerang prajurite Cakra Yuda. Prajurite Cakraa Yuda bisa ngalahake prajurite
penjajah amarga duweni tombak saka pring mau. Banjur penjajah ngajak damai
Cakra Yuda. Cakra Yuda gelem damai marang penjajah nanging penjajah kudu
ngculake warga-wargane. Penjajah manut marang Cakra Yuda amarga prajurite
penjajah akeh sing bisa dikalahake meneh karo prajurite Cakra Yuda.
Warga-warga mau seneng banget bisa
ucul saka penjajah. Warga bajur kepengen dadi prajurite Cakra Yuda. Cakra Yuda
seneng banget krungu kuwi mau. Cakra Yuda nerima kabeh warga-wargane kanthi
becik. Cakra Yuda nglatih prajurit anyare mau kanggo latihan perang. Prajurit
latihan kanthi becil lan manut marang Cakra Yuda. Cakra Yuda nyiapake prajurit
meneh kanggo latihan perang. Cakra Yuda krasa yen penjajah kuwi bakale nyerang
Cakra Yuda amarga ora trima Cakra Yuda ngalahake prajurite
Apa sing ana ing pikire Cakra Yuda
ora salah. Penjajah nyiapake senjata meneh kanggo nyerang Cakra Yuda. Penjajah
uga golek prajurit maneh. Penjajah ngajak para saudagar-saudagar sing ditemoni
kuwi mau kanggo melu perang nglawan Cakra Yuda. Para saudagar gelem amarga
diwenehi imbalan upama menang. Penjajah ngajak para saudagar mau kanggo mateni
Cakra Yuda. Penjajah ngelek-elek Cakra Yuda supaya para saudagar kuwi gelem
melu nglawan Cakra Yuda. Penjajah banjur nyerang Cakra Yuda maneh,nanging Cakra
Yuda ora kuwatir amarga prajurite wis nduweni senjata kabeh. Prajurite uga saya
akeh intuk kirman saka Raja Mataram lan warga Mataram sing kepingin dadi
prajurit Mataram. Penjajah duwe pasukan
akeh kanggo nglawan Cakra Yuda. Cakra Yuda uga wis nyiapake prajurit akeh.
Penjajah banjur teka meneh kanggo nglawan Cakra Yuda. Prajurite lan saudagar
padha nyerang prajurit saka Cakra Yuda. Prajurite Cakra Yuda suwe-suwe akeh
sing mati ditembak penjajah lan prajurite. Prajurite Cakra Yuda amung nggawa
tombak sing gawene saka pring. Beda karo tembak sing langsung cepet nanclep lan
mlebu ing dhadhane parajurit-prajurit kuwi.
Cakra Yuda banjur maju ngadhepi
penjajah dhewe. Ning kana Cakra Yuda dijebak karo penjajah lan
saudagar-saudagar. Cakra Yuda dilawan wong akeh. Ana sing nglawan saka
ngarep,ana sing nglawan saka sisih,ana uga sing nglawan saka mburi. Akeh sing
bisa dikalahake Cakra Yuda. Nanging pas Cakra Yuda dilawan saka mburi,Cakra
Yuda dikroyok lan dicekeli karo penjajah. Cakra Yuda dicancang nganggo tali gedhe.
Cakra Yuda langsung dipateni karo pemimpin penjajah kuwi. Awake Cakra Yuda
dikethok-kethok dadi akeh. Prajurite Cakra Yuda weruh kuwi langsung mlayu
megilan. Para penjajah lan saudagar banjur lunga saka kono mau. Penjajah
seneng-seneng amarga bisa mateni Cakra Yuda. Saudagar melu seneng bisa ngewangi
penjajah kuwi mau. Penjajah banjur bali ning panggonane gawa kabar apik.
Saudagar-saudagar liyane banjur lunga nerusake perjalanane dhewe-dhewe.
Sakdurunge para saudagar kuwi padha lunga,penjajah nganakake pesta
gedhen-gedhe. Pesta mau sing teka mung saudagar-saudagar saka negara liya lan
para penjajah sing lagi bungah merga bisa ngalahake Cakra Yuda.
Prajurite
Cakra Yuda mlayu bali ing Mataram. Prajurit mau ngadhep Raja Mataram. Prajurit
maune wedi nalika gawa kabar duka marang Raja.nanging prajurit mau banjur
kandha sing sabenere. Prajurit kandha marang Raja yen Cakra Yuda bisa
dikalahake dening penjajah. Prajurit uga kandha Cakra Yuda dipateni karo
penjajah lan ditugel-tugel awake. Raja ora percaya krungu kabar kuwi. Raja
sedih krungu kabar kuwi mau lan ngakon prajurit kanggo ngeterake ketemu karo
jasade Cakra Yuda. Prajurit banjur ngeterake Raja ning panggonane Cakra Yuda
dikethok-kethok. Raja lan prajurite lali Cakra Yuda kuwi uwong sing sakti lan
ora bisa mempan karo apa-apa. Sakwise tekan panggonan kuwi mau,Raja kaget weruh
Cakra Yuda isih urip. Prajurite uga kaget lan padha wedi. Dikira kuwi mau mung
bayangane utawa memedine Cakra Yuda. Banjur Cakra Yuda ngyakinake yen dheweke
durung mati. Akhire Cakra Yuda kandha yen Cakra Yuda kuwi ora bisa mempan karo
barang-barang sing abot lan landhep. Mboko wis ditugel-tugel dadi pira yen
getihe Cakra Yuda isih niba ning lemah,Cakra Yuda ora bakalan mati.
Raja
sajak ora percaya. Sakwise krungu ceritane Cakra Yuda Raja percaya lan seneng
amarga Cakra Yuda bisa diandhalake. Cakra Yuda diajak bali ing kerajaan.
Wong-wong sing ning kerajaan lan warga-warga Mataram padha kaget nalika weruh
Cakra Yuda. Kabare Cakra Yuda mati kuwi wis sumebar tekan warga lan kerajaan Mataram.
Kabar kuwi uga tekan nggone gurune Cakra Yuda. Nanging gurune Cakra Yuda ora
percaya amarga Cakra Yuda kuwi duweni aji-aji sing sakti banget. Kancane sing
ora serik marang Cakra Yuda kuwi seneng krungu kabar Cakra Yuda wis mati.
Cakra
Yuda ora kepengen gurune sedih krungu kabar kuwi mau. Cakra Yuda teka ning
perguruane biyen karo Raja. Gurune seneng weruh Cakra Yuda isih sehat lan
gagah. Kancane sing weruh mau melu seneng amarga kabare Cakra Yuda ora bener.
Nanging kancane Cakra Yuda sing ora seneng dadi serik meneh weruh cakra yuda
isih urip. Cakra Yuda banjur bali meneh ing kerajaan karo Raaja Mataram. Cakra
Yuda kesusu bali ning maratam amarga Cakra Yuda isih duweni tanggung jawab sing
gedhe. Sakliyane ngamanake kerajaan,Cakra Yuda kudu ngamanake daerah Ungaran
lan sekitare. Perjalanane Cakra Yuda ora ana alangane apa-apa. Sakwise tekan
kerajaan,Cakra Yuda merintah prajurit-prajurit supaya padha latihan perang
dhewe ndhisik amarga Cakra Yuda kudu semedi. Prajurit manut karo panjaluke
Cakra Yuda. Prajurit latihan perang karo didhampingi salah siji tumenggung
kerajaan sing biyen dadi panglima perang. Cakra Yuda saiki kerep semedi lan
prajurite dikongkon sinau lan latihan perang dhewe. Prajurit mau ya manut lan
lancar anggone latihan perang. Nanging prajurit wedi upama penjajah teka-teka
nyerang kerajaan. Amarga penjajah kuwi senjatane wis modern-modern.
Sing
diwedeni prajurit kedadean. Penjajah teka ning kerajaan. Penjajah seneng dikira
Cakra Yuda uwis mati tenanan. Tekan kana pas karo Cakra Yuda bali saka semedi.
Penjajah maune meh nyerang prajurit. Nanging,nalika weruh Cakra Yuda ngadek ing
ngarepe padha kaget. Penjajah wedi dikira kuwi dudu Cakra Yuda. Cakra Yuda ora
nantang lan ora ngjak perang,Cakra Yuda mung ngguyu. Penjajah mau keweden
banjur lunga ora nyerang sitik-sitiko karo prajurit lan Cakra Yuda. Cakra Yuda
ora nanggepi penjajah mau. Cakra Yuda amung nyiapake latihan kanggo jaga-jaga
yen penjajah nyerang kerajaan.
Penjajah
mau ora sida nyerang kerajaan. Penjajah isih penasaran kok Cakra Yuda isih
urip. Wingi kuwi ntes dikethok-kethok nanging kok iso ngadek ning ngarepe para
penjajah mau. Penjajah ning kana bingung apa sebabe sing gawe Cakra Yuda urip
meneh. Penjajah golek cara liya lan golek ngerti babagan kuwi mau. Penjajah wis
ngubengi Ungaran kanggo golek ngerti tentang Cakra Yuda. Ning tengah
dalan,penjajah-penjajah mau ngliwati kali. Kali mau ana uwong akeh sing lagi
padha jeguran. Penjajah banjur melu jeguran ning kana. Penjajah wong-wong sing
lagi jeguran mau. Penjajah ditakoni karo salah siji uwong sing ning kana apa
sing gawe penjajah mau mandhek menyang kali. Penjajah mung njawab kepengen adus
amarga saka mlaku adoh. Suwe-suwe penjajah mau saya nyedhaki wong sing ngejak
omong. Ora suwe,wong-wong mau diundang karo wong rada tua supaya padha mentas
saka kali. Wong tua mau jebule gurune saka Cakra Yuda. Guru sing ngajari Cakra
Yuda dadi sekti lan pinter. Kabeh murid njur padha mentas lan bali marang
asramane. Penjajah melu mentas lan ning kana penjajah golek cara piye carane
supaya ngerti informasi tenteng Cakra Yuda. Penjajah banjur duweni ide.
Penjajah ngakon salah siji prajurite melu ing perguruan kuwi. Prajurite mau
mung manut lan banjur melu merguru. Gurune Cakra Yuda maune curiga marang
prajurit kuwi amarga tingkahe beda ora kaya wong sing pengen golek ilmu
temenan.
Nanging guru nerima prajurit kuwi mau. Guru
ora kepengen duwe pikiran elek marang muride. Murid sing ning kana kabeh
dianggep padha. Ora ana sing dibedak-bedakake. Prajurit mau ditampa apik karo
kabeh sing merguru ning kana. Ora ana sing ngerti yen kuwi mau prajurit saka
penjajah sing duwe niat elek. Prajurit mau nyedhaki salah siji uwong sing
dikira bisa diakali. Prajurit mau nyedhaki lan kancanan cedhak karo kancane
Cakra Yuda sing biyen ora seneng karo Cakra Yuda. Kancane mau ora sadar
teka-teka ncritakake Cakra Yuda. Prajurit mau saya cedhak lan mancing-mancing
supaya kancane mau gelem nbekeki informasi. Kancane mau ora sadar wis
dipengaruhi karo penjajah.
Kancane
mau wis suwe ning perguruan kuwi. Kancane lulus lan metu saka perguruan.
Dheweke kepengen dadi panglima kerajaan ngantekake Cakra Yuda. Nanging ning
kana Cakra Yuda sing paling dipercaya karo Raja. Dadi ora gampang njupuk atine
Raja. Kajaba kuwi kekarepane Raja dhewe. Nalika kancane kuwi metu saka
perguruane,prajurit mau melu metu lan ngajak kancane mau menyang omahe. Tekan
omahe jebula akeh bangsa penjajah sing ning kana. Kancane kaget lan wedi marang
bangsa penjajah mau. Banjur salah siji penjajah mau kandha supaya dikandhani
tentang Cakra Yuda. Penjajah kepengen ngerti apa wae kelemahane Cakra Yuda.
Penjajah bakalan mbekeki apa wae sing dipingine sangger gelem mbekeki informasi
kelemahane Cakra Yuda. Kancane mau keweden ning kana. Dheweke uga kepenge dadi
panglima perang ing kerajaan. Upama Cakra Yuda bisa disingkirake,methi dheweke
bakalan saya gampang anggone ngrebut kekuasaan kuwi. Banjur kancane Cakra Yuda
ngandhani kabeh kekurangane Cakra Yuda. Cakra Yuda bakalan bisa mati upama
gulune lan gembung utawa awake Cakra Yuda kuwi diguwak ning kali. Sing isih bisa
nyebabake Cakra Yuda isih urip kuwi nalika getihe isih mili ning lemah. Yen
getihe kuwi wis mili ning banyu,Cakra Yuda ora bakal urip meneh.
Bubar
ngerti kelemahane kuwi,penjajah duwe rencana kanggo nyerang Cakra Yuda meneh.
Penjajah uga ngajak kancane Cakra Yuda kanggo melu nyerang Cakra Yuda. Kancane
mau mung manut amarga sing ning pikirane mung supaya dheweke bisa ngrebut
kekuwasaane Cakra Yuda. Isuke penjajah mlaku ing kerajaan mataram kanggo
nglawan Cakra Yuda. Tekan kerajaan wis wayah awan. Penjajah banjur nyerang
Cakra Yuda lan prajurite. Prajurite penjajah nglawan prajurite Cakra Yuda.
Cakra Yuda mung ngawasi prajurite sing perang mau. Prajurit saka penjajah mau
akeh sing padha bisa dikalahake karo prajurite Cakra Yuda. Penjajah kuwi ora
trima merga prajurite akeh sing kalah. Banjur penjajah nglawan Cakra Yuda.
Cakra Yuda dilawan karo penjajah lan kancane saperguruane mau. Carka Yuda kaget
ana kancane mau sing melu-melu mungsuhi Cakra Yuda. Cakra Yuda dikroyok karo
penjajah lan kancane. Ana sing saka mburi,sisih lan ngarep. Banjur Cakra Yuda
bisa dicekel awake. Cakra Yuda digawa lunga karo penjajah karo ditaleni.
Prajurite ngalang-alangi anggone penjajah gawa lunga Cakra Yuda mau. Nanging
prajurit mau dikalahake karo kanca seperguruane Cakra Yuda.
Cakra
Yuda kasil digawa lunga banjur dipateni karo penjajah. Awake ditugel-tugel.
Gulune lan awake ditugel didhewekake lan dibuang. Awake Cakra Yuda kuwi mau
dibuwang ning kali sing ana ing Ungaran. Kali kuwi aliran saka gunung Ungaran
jenenge kali Kaligarang. Cakra Yuda ora bisa urip meneh amarga getihe mili ing
banyu. Awake mau diguwak ora ning nggon
sing padha. Ana sing diguwak ning kali kaligarang. Ana sing diguwak ing kali
cedhak bandarjo lan ana sing ning kali cedhak siwakul.
Prajurite
ana sing mbuntuti anggone Cakra Yuda digawa lunga mau. Prajurite uga ngerti
Cakra Yuda dipateni lan ditugel-tugel awake. Prajurit mau banjur bali ning
kerajaan. [rajurit ngadhep Raja Mataram rada wedi lan sedih. Prajurit kandha
karo luhe temetes. Raja kaget krungu Cakra Yuda bisa dikalahake penjajah. Kabar
duka mau gawe warga panik lan penasaran. Warga ora percaya kuwi mau. Warga
banjur mara ing kali kaligarang banjur ditemokake sirahe Cakra Yuda. Kulon kali
kaligarang mau banjur didadekake makame Cakra Yuda.
Kerajaan
Mataram wis kelangan pahlawan sing sekti. Ora mung sekti ilmune. Nanging atine
sing gelem lan ikhlas mbela Ungaran tanpa pamrih. Kabeh warga kerep ndungakake
Cakra Yuda. Ing kerajaan uga kerep dianakake dedunga kanggo para pahlawan sing
wis mbela lan korban tanpa pamrih. Nganti wis mati Cakra Yuda isih duwe jeneng
apik saka kabeh warga Ungaran. Cakra Yuda uga isih dihormati karo warga lan
Raja Mataram. Akeh sing kerep ziarah ing makame. Kuwi mau bukti yen Cakra Yuda
kuwi panggedhe ning Ungaran.
0 komentar:
Posting Komentar