I
♥
W
A
H
Y
U
Kepompong
Maria dan Wahyu Blog
Home
Geguritan
Tembang
Budaya Jawa
Cerita Rakyat
Kawruh Basa
Senin, 29 Desember 2014
AYUNE GAWE WIRANG
Unknown
11.48
GEGURITAN
No comments
Tetembungane agawe ngabangake kuping
Lamise lambe agawe abang raine
Sanadyan ayu
Nanging ati dhonghong
Kenya kang adol ayu
Gedhe endase
Agawe pedhes rembuge
Wirang tanggane
Wirang wong tuwane
Kamis, 11 Desember 2014
KAMURKAN
Unknown
16.55
GEGURITAN
No comments
Sakabehing kang ana ing salumahing bawana musnah asirna muna
Laksan jiwa kabidung laya
Bandha donya sirna tanpa tabet
Apa iki benduning Sang Cipta ?
Apa dene jagad tan arsa sinarawungan mring janma
Sapa kang kudu nyangga samubarang kadadean iki ?
Apa manungsa ? apa dene jagad ?
Cakra panggilingan tansah mubeng
Arsa tan arsa manungsa kang kudu nyangga
Iki pratandha Gusti wiwit duka
DEG-DEG SER
Unknown
16.54
GEGURITAN
No comments
Dak lungguhi bangku ana sandhinge
Dak sawang-sawang dheweke
Remeng-remeng cedhak banget
Tan mesem tan gumuyu
Dheweke angimbangi panyawangku
Tangane banjur ngelus-elus sirahku
Samsaya medun, saiki ngemek-emek pangarasku
Lambeku, terus gumantung ing janggutku
Atiku trataban, seseg anggonku ambegan
Mbekas mbekus
Kebak rasane ngrembaka ngesek jero dhadha
Tangane kang nggesrek kulitku gawe getere jantung lan urat sakojur
KANCAKU
Unknown
16.54
GEGURITAN
No comments
Kenya kang ayu
Kadya tirta anteng hangintirake
Kanca dolanku kanca nangisku
Kanca kenthelku
Kanca kang ora bisa dak temu saprene umurku
Ana susah ana seneng
Bocah wadon kuwi ana ing sandhingku
Ngrungokake sambatku
Kanca kang sejati
Wahyu
IMPEN WAYAH SURUP
Unknown
16.53
GEGURITAN
No comments
Sumbribite angin wayah surup katon cetha swarane
Wus wus wus
Manuk manuk bali marang suwuhe
Pitik pitik bali menyang kandange
Swarane manuk deruk katon ambyar
Sumunare rembulan madhangi olehku turu dhuwur amben kayu
Anambahi endahing impenku wayah surup
Impen dadi wong duwe bisa tuku apa wae
Impen-impen kang dadi gegayuhanku
Impen nalika aku sugih
Nanging impen mau dadi muspra
Amarga simbok nggugah saka nendraku
SATRIYA NING ATI
Unknown
16.52
GEGURITAN
No comments
Nadyan priya, rigmane dawa
Ireng semu abang
Kulite sawo mateng
Pasuryane manis
Guyune kang nengsemake
Kepenak yen disawang
Nadyan ora lemu
Nanging katon gagah
Kaya satriyane majapahit
Agawe ceblok katresnan
Nalika weruh esemme
Postingan Lama
Langganan:
Postingan (Atom)
Search
Popular Posts
PENGHITUNGAN SLAMETAN KEMATIAN
SLAMETAN KEMATIAN Oleh: Rifatul Auliya. Ririn Istighfarini. Maria Ana SSPU. Uri Pradanasari. Septian Cahyo Prabowo. Mahrotin. M Aji Hart...
SATRIYA NING ATI
Nadyan priya, rigmane dawa Ireng semu abang Kulite sawo mateng Pasuryane manis Guyune kang nengsemake Kepenak yen disawang Nady...
TRADISI BERSIH DESA
1. LATAR BELAKANG Manusia dan alam merupakan elemen yang tidak bisa lepas satu sama lain. Hubungan simbiosis ini pun menjadi ...
GAMELAN
Diskripsi Gamelan, Kelir, Blancong, Keprak, Debog Kelompok 3 Ririn Istiqfarini (2611413003) Maria Ana SSPU...
KI GEDHE UNGARAN
Ing kerajaan Mataram ana salah sijine warga sing jenenge Cakra Yuda. Cakra Yuda kuwi warga biasa sing manggon ing Mataram. Cakra Y...
Like us in Facebook
Maria Ana Sspu
Buat Lencana Anda
Calendar
Januari 2014
Minggu
Senin
Selasa
Rabu
Kamis
Jumat
Sabtu
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
Followers
Music
Labels
CERITA RAKYAT
GEGURITAN
KEBUDAYAAN
TEMBANG