Maria dan Wahyu Blog

Kamis, 11 Desember 2014

KAMURKAN

Sakabehing kang ana ing salumahing bawana musnah asirna muna
Laksan jiwa kabidung laya
Bandha donya sirna tanpa tabet
Apa iki benduning Sang Cipta ?

Apa dene jagad tan arsa sinarawungan mring janma
Sapa kang kudu nyangga samubarang kadadean iki ?
Apa manungsa ? apa dene jagad ?
Cakra panggilingan tansah mubeng
Arsa tan arsa manungsa kang kudu nyangga

Iki pratandha Gusti wiwit duka 

0 komentar:

Posting Komentar