Ratna
kuwi bocah kelas 3 SMA ing salah sijining SMA sing ana ing kutha Semarang.
Ratna saben dinane mangkat sekolah gawa sepedha motor. Dheweke bocah sing
sregep la mandiri. Ratna ora seneng ngrepotake kanca-kancane opo maneh wong
tuane. Ratna kelebu bocah sing duweni prestasi ing sekolahane.
Umure Ratna nembe 18 taun. Ratna
urip ing kaluarga sing pas-pasan. Bapake kerja bangunan lan ibune mung momong
ponakan-ponakane anake mbakyune. Saben sasine Ratna kuwalahan kanggo bayar SPP
sekolahe. Bapak ibune saben sasi utang sedulur-utawa tangga-tanggane. Ratna
sedhih karo kahanan iki. Nanging dheweke ora bisa apa-apa amarga Ratna isih ing
bangku sekolah. Ratna mung bisa ngewangi ibune momong ponakane utawa
resik-resik omahe.
Isuk kuwi sadurunge Ratna mangkat
sekolah,ratna diundang ibune. Bapake Ratna lara lan ora bisa apa-apa. Ratna
kaget lan sedhih. Ratna ngundang mbakyune. kekarone padha nangis ing jero omah.
Ratna banjur marani sedulure amarga bapake wis ora bisa apa-apa. Sedulure teka
banjur bapake diajak ning grya sakit. Ing grya sakit jarene penyakite kuwi
jantung. Ratna sansaya sedhih bapake duweni penyakit sing kaya mangkno.
Dina iki Ratna ora mlebu sekolah
amarga bapake kudu dirawat ing grya sakit. Seminggu kepungkur bapake durung
bali-bali. Ratna sedhih ngadhepi pacoban urip sing kaya mengkono. Ratna saben
bali sekolah bablas ing grya sakit nggenteni ibune sing jaga. Banjur bengine
ganti sedulure sing jaga.
Wis seminggu punjul telung dina bapake
durung ana perkembangan. Dokter ing grya sakit ngakon supaya bapake dirujuk ing
grya sakit liyane. Banjur ora suwe,bapake Ratna dipindhah ing grya sakit liya.
Ratna saya sedhih lan kepontang panting. Mbakyune ora bisa prei kerja kanggo
nggenteni njaga bapake. Dadi,Ratna kudu njaga bapake saben dinane. Ratna nganti
diajak wira-wiri ibune tekan ngendi-ngendi kanggo golek obat. Nanging durng ana
sing mandi.
Bapake Ratna wis ana sewulan ing
grya sakit. Biayane uga ora cukup sethik. Banjur sedulure ngajak rembugan ibune
Ratna supaya bapake Ratna diajak bali wae. Ibune Ratna nyanggupi amarga wis ora
ana biaya maneh kanggo berobate.
Bapake Ratna diterake bali nganggo
ambulans. Ratna lan mbakyune ngetutake ing mburine. Ibune ing njero ambulans
ngancani bapake. Ing ngomah wis ana tangga-tanggane sing ngenteni tumekane bali
keluargane Ratna. Ratna seneng amarga tangga-tanggane isih pada peduli marang
keluargane.
Bapake diturokake ing kasur njero
kamar. Bapake njaluk supaya pada mlebu ngancani bapake ing kamar kuwi. Banjur
padha gelaran klasa ing ngisorane amben bapake. Kabeh padha ndunga supaya
bapake Ratna bisa kuwat nglawan pernyakite. Ratna nunggoni ing sisihe bapake.
Bapake ngajak omong Ratna lan ngandhani supaya Ratna sabar lan bisa
dibanggakake wong tuane. Bapake uga pesen supaya Ratna njaga ibu lan mbakyune.
ratna sedhih ngrungokake kandhane bapake mau. Ratna banjur nyikep bapake.
Ora suwe,dina jemuah bengi,jam 12
bapake njaluk ngombe okeh banget. Ratna sing gemati kuwi ndulang bapake wedang
putih. Let sedhela bapake njaluk pamit meh turu. Banjur tangane disedhekukake.
Ratna mbalekake tangane bapake lan dilurusake. Nanging dibalekake maneh karo
bapake tangane kuwi. Banjur bapake merep. Kabeh sing ning kana padha meneng.
Pakdhene Ratna nyedhaki bapake jebule bapake wis ora ambegan maneh. Ibune Ratna
semaput. Ratna mung meneng ora nangis lan ora ngguyu. Banjur nalika Ratna
nyedhaki bapake,Ratna tiba nangi lan nangis kejer. Isuke bapake dimakamake ing
cedhak omahe. Kanca-kanca sekolahe padha teka nanging Ratna isih meneng wae
nglamun . ratna durung bisa narima pacobaan iki. Ratna disikep gurune lan Ratna
lagi iso nangis.
Sakwise mitung dina bapake,Ratna
lagi mlebu sekolah. Ratna disikepi bapak ibu gurune lan kanca-kancane. Kabeh
padha nyemangati Ratna supaya Ratna ora sedhih maneh. Ratna seneng lan
guyon-guyon karo kancane. Nalika Ratna meh mlebu kelas,Ratna diundang karo wali
kelase. Ratna dikandhani yen biji-bijine mudhun kabeh amarga Ratna ora tau
mlebu melu ulangan lan liya-liyane. Ratna njalk ngapura karo wal kelase amarga
dheweke lagi nampa musibah. Wali kelase Ratna ngerteni lan nuntunRatna supaya
dheweke bisa nerusake sekolan lan bijine apik meneh.
Nalika Semesteran,Ratna bisa dadi
ringking siji. Ratna uga intuk beasiswa kanggo sekolahe nganti lulus. Ratna
seneng banget banjur matur ibune ing grya. Ibu seneng ngerti anake duwe
prestasi sing bisa dibanggakake.
Casino Nightlife Near Me - Mapyro
BalasHapusFind all Casino Nightlife Near Me, ranked #11 of 124 포항 출장마사지 Casinos in New York by Mapyro. Browse our directory to 청주 출장샵 find 도레미시디 출장샵 the best 태백 출장안마 casinos in the area 광주광역 출장마사지 and