Maria dan Wahyu Blog

Kamis, 11 Desember 2014

TANGISE PUTRAKU

Wus wancine ngancik mangsa katelu
Bapamu durung bali nger
Anggone golek dhuwit kanggo kowe
Saben wayah amung krungu tetangisanmu nger anakku
Merga rasa luwih ana njero wetengmu
Dak rasani angiris ati
Ora bisa mangan sega amung mangan tela
Ora bisa ngombe susu amung ngombe banyu
Sing sareh nger
Bapamu durung kirim dhuwit
Wis … cup cup menenga

Aja nangis biyung tetep setya ning sandhingmu

0 komentar:

Posting Komentar