Maria dan Wahyu Blog

Senin, 29 Desember 2014

CERITA RAKYAT GRUMBUL SURABAYAN


ASAL-USUL GRUMBUL SURABAYAN
( PUNDEN KARTO WIRYA )

Ana ing daerah sekitar pinggiran desa getasan.  Ana sawijining papan kang durung ana sing manggoni. Wujude ijeh awujud alas durung ana omah-omahane. Papan mau uga durung ana sing nggunakake. Papan mau arane surabayan.
            Ana ing sawijining dina ana ing taun sekitar 800-an, jaman nalika gunung merapi kuwi lagi kerep-kerep mbledos. Amarga kahanan kaya mangkana mau agawe para masyarakat kang urip ana ing lereng-lereng gunung merapi kepeksa kudu lunga ninggalake gunung merapi. Lan kudu nggolek papan gawe ngungsi.
            Ana masyarakat kang asale saka daerah lereng merapi kang golek papan gawe omah-omah. Wong-wong mau padha ninggalake omah-omahe sing ana ing lereng gunung amarga dirasa uwis ora aman maneh saka bencana lan uga ora aman saka maling. Amarga nalika omah ditinggal sing duwe ngungsi, omah mau padha ora ana sing njaga dadi omah-omah mau bakalan gampang anggone arep di maling.
            Masyarakat mau asale padha mlaku ana sing mengulan ana uga sing mengetan. Kang mlaku mengetan kuwi mau ana papat keluwarga. Kang lunga ninggalake papan omahe sing biyen lan lunga nggolek papan sing anyar gawe papan omah-omah. Kang padha ngungsi mau gawe kabeh bandha-bandhane. Amarga niyat ingsun ora bakal mbalik maneh ana ing papan omahe dhewe-dhewe sing ana ing daerah lereng gunung merapi. Bandha-bandha sing digawa dening para pengungsi mau yaiku sandhang, kewan, lan hasil-hasil pertanian saka lereng merapi sing ijeh bisa digunakake. Amarga mesti bakal dibutuhake nalika ketemu papan sing anyar gawe omah-omah maneh engko.
            Sak bubare mlaku terus golek-golek papan kang bakal didadekake omah, papan sing digoleki yaiku papan sing aman akeh banyu lan akeh papan gawe papan pertanian. Banjur ketemu sawijining papan sing cocok menurut wong-wong sing padha ngungsi mau. Papane akeh banget tandurane lan banyune mili akeh. Papan mau jenenge surabayan. Banjur sesepuhe kang arane karto wirya mau mutusake yen bakalan manggoni papan mau amarga dirasa uwis cocok gawe omah-omah apa maneh papan mau sugih banyu amarga cedak karo kali.
            Ana papan mau papat keluwarga mau padha gawe omah sing saka mulane isih biasa. Omah kang gawene saka uga lan saka pring lan nganggo godhong-godhongan. Banjur padha omah-omah ana ing papan mau ing arane surabayan. Keluwarga sing maune mung papat keluwarga tok saiki dadi tambah akeh amarga padha beranak pinak ana ing papan mau nganti pirang-pirang dekade.
            Suwe urip ana ing papan ing arane surabayan mau tambah ora aman amarga mulai ketekanan maling. Nadyan mung siji sing teka ora apa-apa nanging suwe-suwe sing tumeka ana ing papan surabayan mau malah malinge tambah akeh lan tekane grombolan. Banjur dening sesepuh sing jenenge karto wirya mau mutusake kudu golek papan sing luwih aman maneh.
Sadurunge golek papan maneh ana ing dina sing padha nalika nembe mutusake golek papan maneh, jebul desane mau ketekanan grombolan maling sing akeh banget. Lan padha njarah kabeh bandha-bandhane wong surabayan. Kabeh hargane masyarakat surabayan dijalukki kabeh saka hasil pertanian lan kewan sing diduweni. Omah-omah padha diobong. Nalika karto wirya arep nglawan ketemu karo sing dadi pemimpine, karto wirya deleng yen jebul sing dadi pemimpin perampok mau yaiku musuhe dewe sing biyen tangane ditugel dening karto wirya nalika isih urip ana ing lereng gunung. Jenenge yaiku supena, supena mau pemimpin perampok sing biyen pernah maling ana ing lereng gunung merapi sing biyen dadi papan panggonane karto wirya. Tangan supena ditugel amarga supena uwis merkosa anake karto wirya sing nomer siji lan uwis mateni anake mau.
Nalika jaman mau karto wirya ora mateni supena amarga langsung mlayu lan nalika digoleki maneh ora ketemu. Banjur saiki dheweke ketemu maneh ana ing papan surabayan. Supena pengen banget bales karto wirya amarga gara-gara dheweke dadi kelangan tangane. Ananging amarga karto wirya reti yen kahanan kang ora pas gawe mateni si supena lan omah kabeh uwis padha diobong dening grombolan perampok mau uga bandha-bandhane uwis padha dijarah, banjur karto wirya lan masyarakat surabayan mau lunga mlayu ninggalake papan surabayan lan para gerombolan perampok mau.
Para perampok mau ora ngoyak karto wirya lan warga masyarakat amarga uwis dirasa puas bisa nggawa kabeh bandha donyane sing diduweni dening masyarakat surabayan. Ananging supena ijeh ora bisa lali marang dendame sing biyen lan kudu bisa mbales karo si karto wirya.
Karto wirya mlaku mangidul karo masyarakat surabayan mau. Mlaku munggah lan ketemu papan sing durung ana apa-apane ananging luwih aman saka dusun surabayan. Ananging papan mau cilik ora patio ombo kaya papan sing pertama.
Papan mau dening karto wirya banjur diarani gading, alesane karto wirya maringi jeneng gading ana ing papan mau yaiku artine dusun harapan. Amarga saka gading mau harapane masyarakat dusun mau bakal bisa mujudake kabeh pangarep-arepe masyarakat lan bisa dadi desa sing kuat kaya gading gajah sing bisa dadi simbol perlindungan lan kekuwatan. Amarga gading mau kekuwatane gajah. Dadi pangarepane karto wirya supaya dusun sing anyar iki bisa gawe panguripane masyarakat surabayan bisa luwih apik saka sadurunge lan aman saka sadurunge, yaiku sadurunge urip ana ing lereng merapi lan surabayan.
Lan maneh desa gading kuwi duweni hubungan karo desa merapi sari sing ana ing daerah ngablak kabupaten magelang amarga sebagian pengungsi sing metu saka lereng gunung merapi lunga marang papan kuwi mau. Lan akeh para sesepuhe desa lereng merapi sing manggon ana ing papan mau yaiku papan desa merapi sari.
Ananging papan mau papan kang cilik sing ora jembar anggone gawe daerah pertanian, sisih kidul dusun gading wis kalebu gone desa getasan sisih wetan gone desa sengon lan sisih kulon mlebu desa pandanan. Dadi anggone padha olah-olah lemah gawe pertanian itu mlebu ana ing papan telu mau.
Nganti pirang-pirang taun urip ana ing dusun gading mau, perkembangane masyarakat ora patio bisa dirasakake jalaran papan dusun gading kuwi dewe ciyut. Lan ora bisa berkembang cepet amarga kabeh masyarakate kudu urip saka pertama maneh lan ora duwe bandha apa-apa amarga uwis dirampok kabeh dening rampok nalika isih urip ana ing dusun surabayan.
Banjur karto wirya kudu kerja maneh saka pertama gawe mbangun masyarakat sing maune uwis mapan supaya bisa berkembang maneh. Karto wirya ngembangake saka pertanian lan usaha supaya bisa ngangkat ekonomine. Amarga dusune cilik lan wargane mung sitik dadekake gampang anggone mimpin.
Banjur sitik-sitik masyarakat bisa owah lan berkembang. Perkembangan jumlah penduduke dusun gading uga bertambah. Amarga padha beranak pinak. Lan kabeh masyarakat dusun gading kuwi padha nikah karo sedulure dhewe kabeh dadi nganti saiki ing jaman modern saiki kabeh penduduk ana ing dusun gading ijeh pernah sedulur kabeh amarga nalika jaman biyene para leluhure padha nikah karo sedulure dhewe.
Karto wirya saiki ora duwe apa-apa biyen nalika ijeh urip ana ing lereng merapi dheweke terkenal paling sugih lan duwe bojo lan anak sing ayu. Nanging saiki uwis ora duweni apa-apa maneh amarga anake wadon uwis mati amarga dipateni dening supena. Lan bojo mati nalika bencana gunung merapi mbledos. Dheweke duweni rasa pengen mati wae amarga uwis kelangan kabeh uwong-uwong sing ditresnani lan kabeh bandha-bandhane wis raib kabeh nanging amarga dheweke diwenehi mandhat  gawe mimpin para pengungsi lereng gunung saka gurune lan uwis diparingi kekuwatan dening gurune bisa urip suwe lan sekti banjur niyat karto wirya kepengen mati diilangke saka pikirane.
Pikirane mau diguwang adoh-adoh dening karto wirya amarga karto wirya duweni kewajiban gawe njaga masyarakat gading lan gawe netepi kewajibane kuwi mau dheweke diwenehi aji-aji dening gurune nalika ijeh urip ana ing lereng merapi. Lan ora entuk ninggalake masyarakat dusun gading.
Ana ing sawijining dina sedulure karto wirya sing manggon ana ing merapi sari ngundang karto wirya dolan ana ing papane. Banjur ditemokake dening adhine sing paling cilik sing arane dewi sari. Niyat ingsun bakal padha didadekake garwane karto wirya amarga karto jaka mung pracaya marang karto wirya kang bisa njaga adhine sing paling cilik kuwi mau. Amarga adhine sing paling cilik kuwi mau dadi incerane para mungsuh-mungsuhe karto jaka. Karto jaka kepengen ngumpetake adhine kuwi mau ben bisa urip tenang ana ing papan panggonane karto wirya.
Banjur karto wirya sarujuk karo apa sing dijaluk dening kanca lan sedulur kuwi mau. Amarga karto wirya uga kepengen biyantu karto jaka. Banjur pesta cilik dianakake ana ing dusun gading, supaya ora ana sing ngerti. Nanging ana ing dusun merapi sari disiarna kabar yen nimas dewi sari uwis mati amarga kacegat dening perampok nalika perjalanan saka kutha. Kabar mau disebarake dening keluwargane karto jaka supaya para mungsuh-mungsuhe karto jaka ora golekki maneh dewi sari. Lan kabar mau kasebar ana ing kabeh panggonan.
Ana ing dusun gading dewi sari ganti jenenge dadi sari ningsih supaya ora konangan dening wong-wong lan urip dadi wong desa. Nanging sing sabenere dheweke kuwi wong sing sugih. Sawene dadi garwane karto wirya, dewi sari ora nate ketemu karo kakange amarga wedi yen ketanggor dening wong-wong. Banjur saben dheweke kangen karo kakange, dheweke mung bisa ngakon bojone mara ing omahe ana ing merapi sari. Kakange mung bisa kirim pangan lan dhuwit liwat karto wirya.
Saka kabeh bandha-bandha sing diwenehi dening karto jaka, karto wirya lan garwane bisa bangun ekonomine dusun gading lan bisa gawe omah gedhe. Karto wirya lan dewi sari utawa sari ningsih mau bisa gawe ilen-ilenan banyu saka tuk nganti tumeka ana ing dusun gading, amarga sadurunge yen padha golek banyu kudu ning kali.
Saka sing dilakoni dening karto wirya lan dewi sari mau kang pada gawe pancuran banyu kang kabendung ana ing salore dusun kang dijenengi “sendhang sepasang” amarga pancurane ana lara iji. Ana ing dusun gading masyrakate padha digerake bareng-bareng karo karto wirya lan dewi sari supaya bisa mbangun dusun.
Sewu-suwe desa gading mau dadi kang lumayan maju masyarakate nadyan mung sithik penduduke. Amarga karto wirya saiki uga bisa mbalek maneh kaya nalika ijeh duwe bandha donya amarga garwane. Karto wirya tresna banget karo garwane. Karto wirya matur nuwun banget karo garwane amarga bisa gawe dusun gading dadi dusun kang maju.
Amarga dusun gading uwis maju, banjur salah siji kang dadi gurune karto wirya sing jenenge ki slamet teka ana ing omah gawe dinitipake garwane lan anake sing paling cilik sing jenenge dewi suastika sing umure lagi 5 sasi amarga arep ditinggal lunga karo ki slamet lan karto jaka arep lunga ana kutha ketemu mitra dagange karo mungsuh-mungsuhe karto wirya. Amarga padha takon bab dewi sari. Karto wirya kepengin melu nanging dipenging amarga yen dusun lan garwane ditinggal sapa kang bakal njaga ana ing papan kana. Banjur karto wirya ora sida melu amarga ora bisa ninggal garwane sing ditresnani.
Ki slamet lan karto jaka lunga suwe banget nganti pirang-pirang sasi, wong-wong padha mikir yen ki slamet, karto jaka, lan anak-anake ki slamet liyane wis padha mati. Nganti karto wirya lan dewi sari duweni anak lanang sing dijenengi raden wirya. Banjur nganti bocah mau dadi gedhe lan bagus rupane. Nalika ijeh cilik dolanane karo dewi suastika. Raden wirya dadi sing njaga dewi suastika.
Nganti ki slamet lan rombongane banjur bali. Lan ki slamet nyeritakake yen dhewekke ketemu karo supena. Mungsuhe karto wirya, nanging ki slamet ora matur ngapa kok bisa ketemu karo supena. Ki slamet weruh yen anake saiki wis diwasa lan ayu tenan. Lan raden wirya putrane karto wirya sing bagus.
Sawijining dina ana rame-rame ana ing dusun gading. Yaiku ketekanan wong-wong sing padha goleki karto wirya. Karto wirya ora ngerti yen kuwi grombolane supena, nanging wong-wong kuwi mau mung nunut lewat. Nanging wong-wong mau padha delok dewi sari amarga dewi sari wong sing ayu, nanging ana ing papan mau ana raden wirya kang lagi dolanan karo dewi suastika lan dewi sari. Amarga kepengin nggawa dewi sari, banjur bocah cilik lara mau digawa lan uga dewi sari. Wong telu mau banjur diculik dening grombolan mau. Karto wirya ngerti banjur ngoyak karo kanca-kancane termasuk karto jaka lan ki slamet.
Olehe ngoyak ora ketututan amarga wis kebacut kadohan. Banjur digolak-goleki. Tekan ana ing sawijining alas sing ngerti kuwi ana ing ngendi, alas kuwi mau sepi banget nanging ana swara rame-rame ana ing satengahe alas mau. Banjur padha ditiliki alon-alon. Ana ing papan mau jebul ana gromblan sing mau nggawa dewi sari lan anak-anak. Karto wirya banjur nylametake wong telu maul an kudu gelut karo grombolane perampok mau. Amarga sing ana ing papan mau mung wong sitik tok banjur bisa dikalahake dening karto wirya lan karto jaka sak rombongane. Nanging amarga ana sing mlayu lan banjur laporan karo supena yen anak buahe padha dipateni karo karto wirya. Banjur supena nesu lan lunga ing dusun gading goleki karto wirya lan karto jaka.
Ana ing wektu kuwi lagi padha waspada ana ing njero omah. Kabeh lawang padha dikancing lan padha ana ing njero omah. Ora ana sing wani metu, kabeh penduduk dusun gading ana ing njero omah kabeh. Ana ing daleme karto wirya ana ki slamet sak garwa lan anake, lan karto jaka sak garwane. Padha jaga-jaga waspada nalika engko ana sing nggoleki. Ana tengah wengi banjur ana sing nuthuk-nuthuk lawang lan bengok-bengok, sing dienteni banjur teka.
Supena lan rombongane teka. Tandhing tinandhing ora bisa kaindari, nanging amarga supena mung nggawa bala sithik lan karto wirya ngerahake kabeh penduduk banjur supena kalah lan kudu mlayu. Supena banjur nemoni kabeh mungsuhe karto jaka sing tekan saprene ijeh nggoleki dewi sari, supena ngomong yen dewi sari ana ing dusun gading. Amarga rasa murka kang muntap-muntap banjur padha diparani amarga padha krasa yen diapusi. Tekan ana ing dusun gading jebul karto wirya lan sakabehe uwis padha reti yen bakal ketekanan wong-wong kuwi. Banjur karto wirya lan dewi sari lunga saka omahe. Nanging raden wirya dititipake karo pakdhene yaiku karto jaka. Menawa wong lara mau ora bisa mulih maneh ana ing dusun gading. Banjur raden wirya dititipake karo karto jaka.
Karto wirya lan dewi sari lunga mlaku ana ing sawijining papan nglanggar welinge gurune ninggalake dusun gading lan tekan ana cedhak karo dusun surabayan sing biyen tau dadi omahe karto wirya. Ana ing papan kuwi karto wirya lan dewi sari umpetan. Supaya ora ana sing ngonangi, padha ngumpet ana ing gua kang ana ing cedhak kali. Wong-wong mau padha kecelek amarga sing digoleki ora ana, amarga krasa yen diapusi karo supena, banjur supena sing dipateni karo wong-wong mau.
Kabeh masalah ana ing dusun gading rampung, nanging ora ana sing reti ana ing endi karto wirya lan dewi sari mapane. Padha digoleki tekan ngendi-ngendi ora ketemu. Nganti tekan pirang-pirang taun, nanging ora ketemu, lan raden wirya uwis diwasa. Raden wirya tresna karo dewi suastika nanging dening ramane dewi suastika, ki slamet nikahake dewi suastika karo wong liya saka dusun pandanan sing arane ki wirawangsa. Banjur raden wirya ora trima. Dipateni dewi suastika, dening ki wirawangsa raden wirya uga dipateni lan diguwang ana ing kali sing banjur di jenengi “kali uloh” amarga raden wirya nangisi wis mateni wong sing dipuja. Dewi suastika lan raden wirya keli dening banyu kali mau.
Ing sawijining dina, ana wong kang teka ana ing papan surabayan lan ngeop ana ing gua cedhak kali banjur weruh ana tengkorak lara lagi gandhengan, ing kana uga ana keris. Banjur dheweke mlayu ana ing dusun gading lan matur karo ki slamet yen weruh kerise dhuweke karto wirya. Banjur papan mau diparani lan bener yen kuwi mau karto wirya lan dewi sari. Papan mau banjur digawekake luwangan lan gawe ngubur karto wirya lan dewi sari. Wiwit wektu kuwi papan mau dijenengi “grumbul surabayan” utawa “punden karto wirya”. 

0 komentar:

Posting Komentar